Sapålå Adeging DIY
Lumantar laku jantraning babad ingkang sampun sinerat, awakipun piyambak saged
mangertosi bilih adeging Ngayogyåkartå (Yogyakarta) punikå boten sanès inggih
saking woh pambudidåyåning Pangéran Mangkubumi anggènipun mikantuki adil ing
bumi Mataram.
Ing sakawit purwakaning kåndhå, Pangéran Mangkubumi nemahi pasulayan
kaliyan Susuhunan Pakubuwånå II sartå sapérangan pårå sentånå, nayåkå ing
karaton Mataram awit:
1. gèsèhing rembag bab tåtå rakiting séwan siti ing pasisiran,
2. boten dipunparingaken bebånå asiling sayembårå anggènipun numpes
tapis kraman ing Sukåwati, sartå;
3. wontenipun cathok gawèl déning V.O.C. ing wewengkon karaton ri kålå
semanten.
Tundhonipun Pangéran Mangkubumi lajeng jengkar saking karaton
Mataram ing titi mångså suryå kaping 1746 kanggé miwiti anggènipun
ngraman dhumateng Sunan Pakubuwånå II sartå V.O.C.
Nalikå ing suryå kaping 1749 Sunan Pakubuwånå II nandhang gerah, Pangéran
Mangkubumi kasuwun déning pårå abdi sartå wadyå balanipun supados énggal –
énggal kerså madeg jumeneng nåtå ing Mataram. Pangéran Mangkubumi lajeng
madeg jumeneng naréndrå minångkå ratu ing Mataram, wondéné sagung wadyå bålå
anggènipun njumenengaken Pangéran Mangkubumi wonten ing Kabanaran sasi
Désèmber ing warså 1749, kanthi jejuluk asmå Sunan Kabanaran. Ri kålå semanten
V.O.C. ugi nglenggahaken putradalem ingkang peparab Radèn Mas Suryadi
minangkå Pangéran Pati, ingkang badhé nglintir keprabon ing Mataram awit
suruddalem Sunan Pakubuwånå II, minångkå Susuhunan Pakubuwånå III. Pramilå
wiwit jumenengan punikå Sunan Pakubuwånå III sartå V.O.C. kedah siyågå tåtå-tåtå
anggènipun ngladosi kramanipun Sunan Kabanaran sawadyå balanipun .
Awit anggènipun kalindhih ing jurit mengsah wadyå bålå Kabanaran, pramilå
Sunan Pakubuwånå sartå V.O.C. lajeng ngawontenaken pepanggihan bedhamèn
kaliyan Sunan Kabanaran. Kanthi kawontenanipun V.O.C. sartå Sunan Pakubuwånå III ingkang tansåyå kalindhih juritipun déning Sunan Kabanaran, ing wasånå
kekalihipun lajeng nglenggånå kerså nyigar semångkå nagari Mataram dhumateng
Sunan Kabanaran, sartå nyarujuki sedåyå ingkang dados panyuwunipun Sunan
Kabanaran sakawit. Wasananing pirembagan punikå, salajengipun kawujudaken
lumantar tapak astan bedhamèn ing Giyanti dinten Kemis Kliwon, suryå kaping 13
Fèbruwari 1755. Pramilå wiwit dinten punikå Sunan Kabanaran lajeng ajejuluk Sri
Sultan Hamengku Buwånå I. kalih dinten sabibaring bedhamèn Giyanti kalajengaken
kanthi pasarujukan ngèngingi tapal wates kikising nagari, punapadéné wates -
watesing kabudayan ing antawisipun nagari kekalih lumantar parepatan ing Jatisari
dinten Setu Pahing, suryå kaping 15 Februwari 1755.
Antawis setunggal sasi sasampunipun parepatan Jatisari, Sri Sultan Hamengku
Buwånå I ngersakaken kepyakan adeging Nagari Ngayogyåkartå Hadiningrat ing
dinten Kemis Pon, 13 Maret 1755 mapan wonten Pesanggrahan Ambarketwang.
Anggènipun yåså karaton kawiwitan ing dinten Kemis Pon, 9 Oktober 1755 kanthi
mbabad alas Beringan, ingkang mapan wonten Umbul Pacéthokan. Sasampunipun
wewangunan karaton purnå winangun, Sri Sultan Hamengku Buwånå I lajeng
ngresakaken badhé nglenggahi yasan karaton énggal punikå ing dinten Kemis Pahing,
7 Oktober 1756.

Tidak ada komentar:
Posting Komentar